Rabu, 16 Juni 2021

Dudu Malin Kundang

Dening Hanifa Farikha Zahra


Jenengku Asmara, biasa diundang Asma. Aku sekolah ning SMP Selamat Sentosa Aman Bahagia, saiki ngancik bangku kelas 8. Aku arep cerita pengalamanku kang rada ora kepenak nalika liburan sekolah wingi.

Isuk iku nalika aku tangi turu aku bingung omahku sepi banget. Bapak lan ibuku ora ana ning omah, adiku sing biasane isuk-isuk ndelok acara curhat neng indosiar ya ora ana ning ruang keluarga. Aku banjur menyang dapur amarga ngelak lan arep njupuk banyu putih banjur dakombe. Amarga omah sepi banget aku langsung menyang kamar lan turu maneh. Paling sekitar setengah jam nganti ibuk bapaku kondur.

Ora kerasa anggonku turu wis suwe. Srengengene wis njedul duwur banget banjur aku kaget amarga aku telat tangi. Aku ketemu adikku kang lagi ndelok upin-ipin karo mangan jajan chiki. "Walah isuk-isuk wis adus, wis mangku jajan barang", karep ameh ngece. "Lha sampeyan iki piye ta, iki lak wis awan, delengen ta neng jaba wis padhang jingglang", adikku mbalesi omonganku. Aku banjur ndelok jam, jebule wis arep jam 9. Aku banjur cepet-cepet menyang kamar mandi lan adus. Dina iki aku arep dolanan sepeda karo kancaku mengko yen aku telat ndak ditinggal.

Nalika arep menyang kamar mandi, aku weruh ana iwak ngeleper ngeleper ning ember. "Lhaaa ibuk iki kepiye ta, sajane lak wis ngertos a yen iwak iki uripe ning banyu, malah disalap ember sing ra ana banyune. Mengko dak iwake mati", aku kaget amarga iwake sentik-sentik arep mati. Banjur aku njupuk banyu nang cidhuk lan ember kui dakisi banyu. "Lhaa lucune iwake. Sing ngati-ngati ya wak, bejane kowe ketemu aku dadi ra sida mati", aku banjur menyang kamar mandi sawise weruh yen iwak iku wis isa obah maneh. Nalika aku rampung adus, aku weruh ibuku lagi mbucal banyu ning ember sing ana iwake mau. "Lho lho lho bu, njenengan iki pripun ta, mengko yen dibucal banyune, iwake meninggoy", aku banjur mlayu marani ibuku. "Lha kowe iki sing piye, iwak iki lak kudu mati ta nanging arep dimasak. Apa arep mangan iwak urip?", ibu banjur njlentrehake menawa iwak kuwi arep dimasak. "Lha tetep wae sakne iwake ta bu, tingali ah iwake lak lucu-lucu", aku tetep ora trima iwake arep dipateni. "Ya wis yen ngono iwak iki rumati mengko awan kowe rausah mangan, ngono a sing mbuk karepke?", ibu katon rada jengkel. Aiss aku bingung, mengko yen aku ra oleh mangan tenan piye, banjur aku ketemu ide nggo bantah ibu, "Hayolo bu, njenengan pikantuk dosa amarga mateni makhluk ciptaane Allah, hayolo hayolo". "O yen ngono menisan anggone oleh dosa, kucingmu kae gorok sisan kene", ngendikane ibu medeni. Aku sing rada ngeri enggal-enggal nyauti, "Astaghfirullah bu istighfar-istighfar, anak kados kula niki namung gadhah ingon-ingon setunggal neng donya niki lho bu hehehe". "Halah wis wis kono lho ndang dolanan tah apa, ngeniki iwake mau wis arep mati dadi urip meneh", ngendikane  ibu kang ngerasa keganggu. Aku kang rada jengkel amarga ra isa nyelametke iwak kang lucu lucu mau banjur menyang ruang keluarga lan ndelok tv karo adiku.

Ora kanyata suwe, kanca-kanca marani aku lan arep dijak pit-pitan. Aku banjur ngetokna pit ku lan pamitan karo ibuku, "Bu kula badhe pit-pitan nggih?". "Iyo, nanging nik pit-pitan aja cul tangan loyo", pesene ibu. "Nggih bu siap, samlekom", aku banjur metu lan pit-pitan karo kancaku.

"Weeee sawangen leh sepeda anyarku, bodine matoh tenan ta?", Tarmi pamer sepeda anyare. "Walahh iya je muantep iku nak dinggo balapan karo cul tangan", Makmun banjur nyauti. Aku kang ora bisa cul tangan banjur melu ngomong, "Lhaa aku raiso cul tangan, ambekan ora entuk karo ibuku cul tangan". Anggone pitpitan gatuk ning prapatan panggonane Pak Tarno tukang cilok mangkal. "Wey wey ayo tuku cilok disik", omonge Tarmi kang kepengen tuku cilok. "Pak Tarno tumbas cilok", aku nyeluk Pak Tarno arep tuku cilok. Makmun kang bocahe nyelelek ujukujuk gawe bedek-bedekan, "Bunder bunder apa kang luwih bunder saka ciloke Pak Tarno?" "Mustaka ne Pak Tarnoo, hahahaha", jawabku lan Tarmi karo guyu cekakaan. Pak Tarno kui mustaka ne botak bunder menceling kaya lampu taman, ora heran yen senengane dinggo nyek-nyekan bocah-bocah sing pada tuku ciloke. Senajan ngono kuwi, Pak Tarno gak tau duka, paling mok mesem. Sawise tuku cilok, Tarmi malah ngejak balapan nyambi cul tangan, "Ayo balapan pit karo cul tangan". Pak Tarno paring pesen, "We aja balapan karo cul tangan, ngono kui bahaya". Makmun banjur nyauti, "Halah mboten napa-napa pak, namung cedak kok". Aku iseh kelingan pesene ibu menawa mboten pareng pit-pitan karo cul tangan. Tarmi malah nakoni aku, "Piye Ma? Kue gelem rak? Ra gelemyo cupu hahaha". Aku kang gaseneng diarani cupu, banjur nyaut, "Oke sapa sing cupu? Ayo gasss" Ning jero atiku halah sepisan wae rapopo rangarah dikutuk dadi watu karo ibu. Pak Tarno lajeng ngendika, "Hayolo wis tak ilengke loyo". "Halah ayo gass, sijii, loroo, ayooo", Makmun banjur menehi aba-aba lan balapane dimulai.

Wiwitane aku rada gaya iki amarga aku iki ora patia bisa numpak pit karo cul tangan. Nanging aku pd wae ketimbang dikira cupu. Amarga aku ning buri dewe aku banjur ngolahi pit ku rada banter ananging uga karo nyeimbangna setangku. Nalika aku wis isa mbalap Makmun, aku mlengak samping arep mameri yen aku wis isa cul tangan. Dadakan aku kelangan keseimbangan banjur sepedaku oleng lan nabrak senteng listrik munine gubrakkkk. Waduhhh awaku rasane loro banget. Meneh dengkulku tatu amarga kena kerikil-kerikil ning lemah. Aku nibani pitku ananging sikilku sing kiwa uga ketiban awaku. Makmun lan Tarmi banjur mendek lan nulungi aku. Pak Tarno kang pireng ana suara wong ciblok banjur melu nulungi aku. Awaku kerasa loro kabeh banjur aku nangis. Aku banjur diterke mulih moro omahku.

Ibu kang ngertos aku muleh dolan nangis karo dengkulku tatu banjur bingung. "Lhaaa kowe iki kenapa ta?", ibu katon kuwatir. "Niku bu, sepuntene wau kula numpak pit cul tangan, hiksss", aku jawab karo senggruk-senggruk. "Walahh lha ngeneto nik ora nggugu omongane wong tua, sesuk ora nggugu meneh ya ben dadi watu koyok Malin Kundang", ngendikane ibu malah meden-medeni. Aku kang wedi yen dadi watu malah tambah nangis lan jaluk sepura marang ibuku, "Ngapuntene bu, mboten kula baleni malih". "Ya wis, temenan lho ya aja dibaleni maneh", ibu mboten duka. "Nggih bu, saestu", jawabku sambi ngempet lara amarga tatu neng dengkulku.

Bar iku aku kapok moh pit-pitan karo cul tangan malih. Bener ngendikane Ibu lan Pak Tarno yen pit-pitan karo cul tangan kuwi bahaya. Dina iku sak wise aku njaluk ngapura marang Ibu, Ibu banjur ngobati tatuku. Ananging, nalika aku njaluk mangan jebule masakane durung mateng amarga iwake isih durung mati lan lagi segone sing mateng. Dina iku aku temenan ngerasa apes.