KEBACUT
Kabeh wis kebacut
Nalika sega wis kebacut dadi bubur
Ati uga melu ajur
Kebacut, kabeh wis kebacut
Aku durung bisa ngeja aksaraMu
Nalika pratandha nyata ing sangarepku
Kebacut
Mung bisa cancut
Senadyan ati wis kapilut
Mendhung uga tansaya nglayut
PituduhMu muga bisa dakranggeh
Aja nganti ati kagoreh
Marang tatu kang saya jero
Tumrap kahananku marang kono
Gusti kang maha Murwat
Mugi paring hidayat
Mring kula kang ora kuwat
Nandang pilara kahanan ing jagad
Tidak ada komentar:
Posting Komentar